Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

my tweeps

Minggu, 01 Juli 2012

PIDATO JAWA PENGETAN DINTEN KOPERASI

Assalamu ‘alaikum wr.wb

Ingkang kula kurmati Bapak Kepala Desa Gamol
Ingkang kula kurmati Bapak Ketua RW 16
Ingkang kula kurmati Bapak Ketua RT 06
Lan para lenggah ingkang satuhu kinabekten.
            Ingkang sepisan sumangga kita ngaturaken atur puji lan sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung , amargi paringipun rahmat kita taksih saged kempal manunggal ing papan menika lan saged ndherek mangayubagya pengetan dinten Koperasi lan ingkang salangkung awis ajinipun,inggih punika bagas waras,sarta maneka warnaning kabetahaning gesang kacekapan boga miwah wastra.
            Ugi kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken matur nuwun dhumateng para lenggah ingkang sampun rawuh.
            Pendhak dinten 12 Juli Bangsa Indonesia mengeti dinten koperasi amargi koperasi madeg wonten ing tanggal 12 Juli 1967.Tembung koperasi  asalipun saking tembung manca inggih punika cooperation ingkang tegesipun,usaha sesarengan ngengingi  perkawis budi daya sesarengan.
            Koperasi kagungan dasar nagari UUD 1945 inggih menika pasal 33 ayat 1 UUD 1945 ingkang suraosipun “ Perekonomian dipunrantam minangka budi daya sesarengan ingkang adhidhasar asaz kekeluargaan.
            Koperasi saged dipunlestareaken kanthi mapinten-pinten margi, antawisipun kanthi ningkataken kerukunan antar anggotanipun. Wonten ing
Mriki asas kekeluargaan minangka pirantinipun lumampahipun koperasi kedah dipuntindaki dening sedoyo anggota. Murih koperasi saged rahayu jejeg .
Ing saben akhir warsa , pembagian SHU ugi tertib dipuntindakake, kagem barometer kados pundi perkembanganipun lumampahe kegiatan koperasi punika.
            Raos handarbeni saben anggota kedah dipun pupuk teras, satemah ngrumbaka, tan saya ageng .
            Mekaten kalawau sakethik pangertosan koperasi, ingkang saged kita jagi , kita pepetri kanthi mangga- mangga kita kedah gadah raos handarbeni  murih regeng, lestantunipun koperasui.
            Ing wusana purnaning atur, kathah kalepatan sae penulisan utawi reroncening ukara kirang tumata , kirang nuju prana ing manah, saestu luhuring bebuden para rawuh sedaya, kula saged nyuwun pangaksami.
            Akhir salam ,
            Wassalamu ‘alaikum wr. Wb
            Maturnuwun .


Nama                                     : Amalia vikmawati / 04
                                                  Anisa maysaroh    / 06
                                                  Ardy wiranthoko / 08

           


separador

3 komentar:

Unknown mengatakan...

trima kasih

Unknown mengatakan...

tolong liat web site saya zakipijar.blogspot.com

Unknown mengatakan...

Thanks for question

Posting Komentar

Flaming Arrow Glitter Purple Yang ini untuk cursor berekornya ::

Followers