Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

my tweeps

Selasa, 26 Juni 2012

pranata adicara


NO
Unen-Unen
Katrangan
Sipat
1
Assalamu ‘alaikum Wr . Wb
Ngaturaken salam pembuka
Wajib
2
Ibu Hj. Markonah,Bapak Ketua RW,Bapak Ketua RT lan para lenggah ingkang satuhu kinabekten
Nyiagakaken para rawuh / para tamu
Wajib
3
Para rawuh kakung miwah putri ingkang tansah sinudarsana,Mangga kita sami ngaturaken puji sukur wonten ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun caos rokhmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya,karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula satemah kanthi kanikmatan menika kula saged kempal manunggal wonten ing acara menika
Ngajak para tamu ngaturaken puji sukur dhumateng gusti ingkang Maha Kuaos
Wajib ( trep agamanipun piyambak –piyambak )
4
Para lenggah ingkang satuhu kinabekten
Sapa aruh
Wajib (ditrepaken kaliyan para tamu )
5
Keparenga kula minangka pranataning adicara Syawalan  warsa setunggal Syawal taun 1433 Hijriyah wonten ing dusun Gamol.Ingkang saklajengipun kula badhe ndherekaken lampahing adicara wonten ing wekdhal menika.
Sinamun-sinamudana
Boten wajib(gumantung acara ingkang nembe punlampahi)
6
Para lenggah ingkang kinurmatan,supados nyingkat wekdhal badhe kula waosaken menggah urut-urutaning adicara ingkang badhe kita lampahi :
1.   Pambuka
2.   Atur pangandikan
-Atur pngandikan saking ketua panitia
-Atur pangandikan saking Ibu Hj. Markonah
3.   Ikrar syawalan
4.   Pengaosan hikmah syawalan
5.   Sumene
6.   Donga
7.   Panutup
Menika kalawau urut-urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdhal menika

Nyuwun idi palilah dhumateng para tamu bilih badhe maosaken rantamaning adicara
Wajib (tergantung jinising acara )
7
Sakderengipun adicara ing wekdhal menika kita lampahi manggakita bikak kanthi sareng-sareng maos Basmillah,BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIM.Acara nomer kaleh inggih menika atur pangandikan.
Atur pangandikan ingkang sepisan badhe kaaturaken dening Ibu Rika nuryani minangka ketua panitia.Sumangga wekdhal kula aturaken sakcekapipun
Ngaturaken acara kanthi lereslan sae mawi para masastra basa jawi
Wajib (tergantung jinising acara )
8
Mekaten wau atur pangandikan saking ketua panitia ,dhumateng ibu Rika Nuryani kula aturaken agunging maturnuwun.


9
Atur pangandikan ingkang kaping kaleh badhe kaaturaken dening Bapak Kepala Dusun Gamol.Dhumateng Ibu Hj. Markonah wekdhal kula sumanggaaken.


10
Mekaten wau atur pangandikan saking Bapak kepala Dusun.Dhumateng Ibu Hj. Markonah kula aturaken maturnuwun.


11
Menggah adicara ingkang kaping tiga inggih menika Ikrar syawalan.Ingkang salajengipun dhumateng kadhang kula ingkang piniji mimpin ikrar syawalan wekdhal kula sumanggaaken sakcekapipun.


12
Mekaten kalawau ikrar syawalan ingkang sampun kalampahan,dhumateng Bapak Jonathan kula aturaken agunging maturnuwun.


13
 Para rawuh ingkang kula kurmati,acara salajengipun inggih menika pengaosan hikmah syawalan ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak H.Abdullah.Dhumateng bapak Abdullah wekdhal kula aturaken sakcekapipun


14
Mekaten wau pengaosan hikmah syawalan,mugi-mugi kita sedaya saged mendhet intisarinipun.Dhumateng Bapak Abdullah kula ngaturaken maturnuwun.


15
Dhumateng para lenggah sedaya acara salajengipun inggih menika sumene.Dhumateng para lenggah ingkang kinurmatan ing kalodhangan menika mangga dhaharan saha unjukan dipun rahapi sesarengan kanthi merdekaning penggalih.


16
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati acara ing wekdhal menika saking purwa mady lan wusana kula kinten sampun kaanggep cekap.Pramila saking menika kita sampun dumugi titi wancinipun ing pungkasaning acara.Sumangga acara wonten ing wekdhal menika kita pungkasi sesarengan mawi waosan hamdalah.ALHAMDULILLAHIRABBIL ‘ALAMIN.


 17
Ing pungkasaning atur ,kula minangka pranata adicara menawi wonten lepat anggen kula matur saha solah tingkah kula ingkang kirang mranani ing penggalih kula namung saged nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun
Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para tamu awit saking kawigatosan ingkang sampun kacaosaken,sarta nyuwun pangapunten dhumateng para tamu awit saking sedaya kalepatan ing salebetipun ngaturaken acara


18
Wassalamu ‘alaikum Wr . Wb


                                               






NAMA        : AMALIA VIKMAWATI / 04/IXD
                                                                     ANISA MAYSAROH/06/IXD
                                                                     RIKA NURYANI SUWARNO/30/IXD
separador

0 komentar:

Posting Komentar

Flaming Arrow Glitter Purple Yang ini untuk cursor berekornya ::

Followers